Jumat, 13 Januari 2012

AKU TITAH KANG SADREMA NGLAKONI PANDUMING GUSTI

Layang Wansulan Katur Ki Mertosana, Cahyadi Takariawan
(http://cahyadi-takariawan.web.id/?p=2074)
Sopo wonge Ora Bungah....
Duh Gusti Allah, Mugiyo paringo pangapuro badan kawulo
Titah sawantah ing ngarca padha, kang kebak khilaf lan dosa.
         Sopo wonge ora bungah, biso urip mulyo nunut rombongan para qiyadah lan para pepunden Kasepuhan Ngayogyakarta. Tamtu bakal kajen kadya para sentana raja lan sinubya-subya pindha “tamune negara”. Ananging, aku mung titah kang sadrema nglakoni panduming Gusti Kang Maha Kuaso.
Ahad, tumengahing dalu, Ngarso Dalem, Ki Dr. Sukamta nelpon aku saperlu ndawuhi  nderek walimatul Ursy putri Presiden PKS lan sowan marak Romo Syekh, Panembahan Lembang, Ustadz Hilmi Aminuddin. Kamongko Ibune bocah-bocah nembe wae ndandang gerah, cayane pucet banget, lemas lan kurang darah. Mulo kanthi nyuwun ngapunten ingkang kathah, aku pamit ora bisa ngombyongi rombongan para qiyadah lan pepunden Kasepuhan Ngayogyakarta.
Senin esok Ibune bocah-bocah wis rodo biso ubah, mulane jur nekat mlebu sekolah, abot-abote duwe kuwajiban mulang wuruk putro-putrine ikhwah. Jebul ganti.... mengguke Sunan Kali Code  teko. Piye maneh aku mung titah kang sadrema nglakoni panduming Gusti Kang Maha Kuasa.  Sakwise ngombe obat lan turu sedhele, Alhamdulillah, nafasku bisa lega. Mula senadyan telat tenanan, aku budhal rapat ning Kepatihan. Bengine, Alhamdulillah aku bisa medar taklim santri Senenan. Sempat kagayuh, kethoke dadi bisa melu ngombyongi rombongan ning Lembang. Bocah-bocah lan ibune padho sarujuk. “Yo sepisan-pisan mbok yo dolan Bi. Mosok mung nguthek ning Kantor wae,” celathune Umair, anak lanangku kang wis mulai gedhe. Walhasil, niatku wus njengkirat, besok Insya Allah budhal lungo kunker ketemu para pejabat, jebul Selasa esuk.... lara untu-ku kumat. 
         Sopo wonge ora bungah, biso urip mulyo nunut rombongan para qiyadah lan para pepunden Kasepuhan Ngayogyakarta. Tamtu bakal kajen kadya para sentana raja lan sinubya-subya pindha “tamune negara”. Ananging, aku mung titah kang sadrema nglakoni panduming Gusti Kang Maha Kuaso.
Telo Goreng Pinggir Kali Code bontotanne Sunan-ne
Slasa iku untuku loro tenan. Rasane cemot-cemot ngedap-edapi. Sirahku dadi koyo dipalu lan ditutu. Akhire dak gawe teturon ning CMC nganti meh sedino muput. Sangking larane untuku, nganti aku ora bisa maem, ngombe, lan mikir. Bontotanku, panganan telo goreng dan mendowan produk andalan pinggir Kali Code dadi utuh dak gowo bali maneh. Ojo meneh panganan, sak umpumo dino iku ibune bocah-bocah nyuguhi aku istri kedua, kenyo uaaayu sing kinyis-kinyis prasasat eseme biso ngruntuhake lintang lan rembulan ketoke aku ora bakal gelem. {Kethoke lho....}, awit saking larane untuku. He he he....
Bareng sore, aku  lagi biso mikir, biasanya yen nembe gerah wojo alias sakit gigi koyo ngene iki, aku perlu  obat “spontan ohey” eh ponstan je. Mulo jur aku menyang apotek, tuku ponstan. Sakwise dak minum, Alhamdulillah dadi waras, senandyan siso-siso njareme isih sok mbejedul. Apo meneh yen bubar maem, slilite mlebu selane untu sing krowok waduh cenut-cenute metu maneh.
Mangkono Pak Cah, cekak aose critane Sunan Kali Code ora biso bebarengan marak sowan ngabiyantara ing ngarsanipun Romo Syekh, ing Padeploan Madani, Lembang. Mugi Gusti Allah paring pangapuro sedoyo kedhoifan, kekhilafan, tuwen kalepatan kawulo. Amiin.

Dandang Gulo

                                                LAMUN SIRA

Lamun sira, cinobo pinuji
Yogyanira... tan  suremi surya
Elinga juking sakalir
Yektine Kodrating Allah
Kang Tansah Miring Mring Ngarsa....

{Nyuwun pandongo ingkang kathah, mugiyo saget istiqomah....}

Pinggir Kali Code, 12 Januari 2012
Sedulur fillah,

Ttd.

Sunan Kali Code  

2 komentar:

  1. MUGA KITA TANSAH PINARINGAN ISTIQAMAH.... AMIN....

    BalasHapus
  2. kulo mboten ngiro, menawi kanjeng sunan ugi saget gerah wojo.....

    BalasHapus